Jumat, 20 Februari 2015

Naskah Drama Bahasa Jawa!!

NASKAH DRAMA
“ANDHE - ANDHE  IMUT”

Ing sawijining negara (embuh negara apa), ana desa kang arane desa Tak Dung-dung Tak dung-dung. Desa kuwi subur, makmur, gemah ripah loh jinawi. Ing desa kuwi, ana kulawarga kang isine simbok lan anak-anake, bapake ora ana, embuh ngilang mengendi, jare wis ninggal dicaplok baya.

SCENE 1
(Panggung kosong, katon dekorasi kanthi swasana pradesan. Krungu lagu gendhing Jawa. Mbok Menah mlebunggawa tampah isi beras, ngenalke awakke marang pamirsa.)

Mbok Menah:“Hei Pamirsa… kenalna, jenengku Mbok Menah. Aku iki simboke para klenting. Aku iki bombonge pol duwe anak sing ayu-ayu, pinter-pinter, sehat-sehat, bekti marang wong tuwa.Pokoke ora ana tandingane ing desa iki. Wis akeh para pemudha kang padha nglamar. Eh, wisya pamirsa. Aku arep masak dhisik, anak-anakku durung padha sarapan. Daaaaa….”

(Mbok Menah metu saka panggung. Krungu lagu Campursari. Ngiringi mlebune para klenting. Para klenting mlaku jejer-jejer kaya model
miss universe.Banjur para klenting ngenalke awakke marang pamirsa)

Klenting Abang :(Ngipat-ngipatke slendang, kemayu)”Assalamu’alaikum…
Para pamirsa… kenalke… dhewe iki para klenting, anak-anake Mbok Menah. Aku sing ayu dhewe iki Klenting Abang, aku sing paling
tuwa lho… Nanging paling oke dhewe..”

Klenting Biru :”Jenengku Klenting Biru.Body-ku sing paling yahud dhewe. Hehe..”

Klenting Ungu :”Nak aku Klenting Ungu”

Klenting Ijo :”Aku Klenting Ijo.”

Klenting Abang :”Para pamirsa, dhewe iki tresna banget marang simbok.  Simbokku kuwi wong kang paling apik sakdonya. Tetep bisa ngrumati anak-anake senadyan ora duwe wakil. Bapakku wis suwe ninggal,amarga dicaplok baya nalika nembe mancing.”

Klenting Ungu: ”Iya, bener. Simbok ya maringi dhewe kebebasan kanggo ngapa wae. Kuwi berarti simbok percaya karo dhewe.”

Klenting Ijo :”Bener banget. Dhewe iki kan isih enom. Urip mung sepisan, dadi kudu bener-bener dimanfaatke,aja disia-siakake. Hi… hi… hi…”

Klenting Biru :”Eh, wis-wis.! Ayo padha mlebu, ngrewangi simbok masak.”

SCENE 2
(Klenting-klenting arep metu saka panggung, nanging ujug-ujug teka Klenting Kuning).
Klenting Kuning :”Kulanuwun… Assalamu’alaikum…”

(Para klenting banjur noleh ing sumbere swara. Klenting Abang marani Klenting Kuning)

Klenting Abang : (nada swara galak)”Ana apa? Arep ketemu sapa?”

Klenting Kuning : (keweden)”A… Ak… Aku iki wis ngumbara tekan endi
-endi. Aku ora duwe omah. Ora duwe wong tuwa. Dadi aku pengen bisa dadi sedulurmu kabeh. Moga wae mbak-mbak sing ayu-ayu iki gelem nampa aku dadi sedulur.. Mesakke aku mbakyu..”

Klenting Ijo : (rupa ora seneng)”Apa? Arep nunut nang kene??? Sorry..!! Wis ora ana panggon..”

Klenting Ungu :”Iya! Luwih apik Kowe golek panggonan liya wae. Ning kene wis seseg. Wis kana lunga..!!”

Klenting Kuning :” Nyuwun tulung… Mbakyu… Aku gelem dikongkon apa wae…”

Klenting Biru : (nyekeli roti)”Ah, bentuke wae wis aneh. Wis kana lunga!”

(Klenting Kuning tetep Meksa. Amarga swarane rame banget, Mbok Menah metu saka jero omah.)

Mbok Menah: (ngamuk)“Eh eh eh… Ana apa iki kok ribute pol… Ngganggu wong nonton gosip wae.. Ana apa?!”

Klenting Ijo: (nyedaki Mbok Menah) “ Niki lho Mbok.. Ana cah aneh arep nunut nang omahe dhewe. Mbuh sapa kuwi.”

Klenting Ungu: “Inggih Mbok… Mpun, mboten usah diladeni Mbok. Marakke sepet wae.”

Mbok Menah: “Kowe sapa? Ana prelu apa nang omahku”

Klenting Kuning : (kanthi rupa dimesak-mesakke)“Ngeten Mbok.. Kula Klenting Kuning. Kula mboten gadhah omah.. badhe nunut ing mriki.. kula purun di utus napa mawon.”

Mbok Menah: “O.. Ngono.. Mengko dhisik, aku tak rembugan karo anak-
anakku”

(Mbok Menah lan para Klenting padha ngumpul adoh saka Klenting Kuning.)

Mbok Menah: “Wis, cah kuwi ditampa wae ing omahe dhewe. Mengko bisa dikongkon-kongkon. Dadi dhewe kepenak. Piye?”

Para Klenting: “Wah, inggih Mbok. Sarujuk.”

(Mbok Menah lan para Klenting marani Klenting Kuning.)

Mbok Menah : “Yo wis.. Kowe entuk manggon ing kene. Nanging kowe kudu nurut karo aku lan anak-anakku.”

Klenting Kuning: (mesam mesem seneng, ngambungi tangane Mbok Menah) “Saestu Mbok.. Matur nuwun Mbok.”

Mbok Menah : (Ngipatke tangane) “Ya ya.. wis kana ndang ngresiki omah. Aku arep nutugge nonton gosip.”

(Mbok menah mudhun panggung, ditutke para Klenting lan Klenting Kuning)

SCENE 3
(Ing sawijining dina, wektu Klenting Kuning lagi nyapu lan Mbok Menah lagi nonton gosip, ujug-ujug disela “sekilas info”)

Penyiar tipi : (Ning buri tipi )“Nuwun sewu Mbok Menah, gosipe disela sedhela. Ana inpo saka kerajaan kang wigati buwanget.”

Mbok Menah: “Lho… Kok kowe weruh nak aku sing nonton tipi? Iki penyiar kok aneh.”

Penyiar tipi: “Lha piye maneh. Sutradara ngutuse ngene jal. Wis tah ora usah rewel. Dirungokke dhisik no piye.”

Mbok Menah: “O… iya iya.. manut-manut…”

Penyiar tipi: “Oke.. Tak baleni.. Sugeng siyang pamirsa.. Wara-wara.. Diumumke kanggo kabeh cewek-cewek kang isih single. Raden Andhe-andhe Imut nganakake sayembara kanggo golek wakil supaya bisa didadekake ketua PKK ndampingi Raden Andhe-andhe Imut kang nembe dilantik dadi raja anyar. Sing rumangsa cah wedok, ayo ndang cepet ndaftar. Cukup semene sekilas inpo…”

(Klenting Kuning melu ngrungokna)

Mbok Menah: “Cihuy… Kesempatan iki… Anak -anakku tak kongkone ndaptar…”

Penyiar tipi: (nggawa properti tipi) “Sedhela Mbok.. Tak liwat dhisik.. Matur nuwun..”

Mbok Menah : (kaget lan bingung) “Lho.. Iki penyiar kok anehe pol.. Bingung aku…”

Penyiar tipi: (rada kemayu) “Wis tah, senenge kok rewel. Sutradara ngutuse ngene. Nak ora manut mengko ora entuk konsumsi. Manut wae no piye… Wis ah… yuk da da bye bye…”

Mbok Menah : “Ah mbuh sembarang. Sing penting aku kudu ngandani anak-anakku dhisik”(bengok-bengok)“Para Klenting…!!! Cepet mrene… Ora nganggo suwe…!!!”

(Para Klenting kesusu munggah panggung. Ana sing isih nganggo rol. Ana sing isih nggawa pakanan. Ana singisih gawa anduk, lsp.)

Klenting Ungu: “Wonten napa to Mbok? Kaget ki lho..”

Mbok Menah: “Iki mau ana sekilas inpo nak tipi. Raden Andhe-andhe Imut nembe golek calon wakil. Wis saiki padha siyap-siyap. Langsung ndang lunga menyang kerajaan. Cepet cepet cepet..!!!”

Klenting Biru: “Wah… yahuuud ki… hahaa….”

Mbok Menah: “Wis cepet cepet…!!!!”

(Mbok Menah lan para Klenting metu saka panggung)

SCENE 4
Ing sawijining panggonan desa Tak Dung-dung Tak Dung-dung, persise ing kali Bengawan Pala, ana makhluk kang ora jelas bentuke. Kaya wong, tapi ya kaya yuyu, arane Yuyu Kang Kang.(Yuyu Kang Kang mlebu panggung karo njogat njoget diiringi lagu campursari. Wektu njoget, supite nyapit bokonge)

Yuyu: (laranen) “Aduh aduh… Lha dalah.. Iki tangan kok ora isa dijak kompromi. Nyopat nyapit karepe dhewe.” (yuyu clingak clinguk) “Kok sepi ya.. Ora kaya biasane, ket sekisuk durung ana penglaris.”

(Para klenting mlebu panggung)

Klenting Ijo: “Wah, kok sepi nemen ya. Endi praune?”

Klenting Ungu: “Wah iya, piye carane nyabrang kali nak ngene. Manawa muter pinggir ya suwe banget.”

(Yuyu marani para klenting)

Yuyu: “Eh eh, cah ayu-ayu arep padha neng endi iki? Nyabrang ya? Wis tak sabrangke wae. Murah kok.” (karo pringas-pringis)

Klenting Abang: “Bayare pira Yu?”

Yuyu: “Wis, ora usah larang-larang. Wong siji sejuta wae. Hehe…”

Klenting Biru: “Lho.. larange pol.. Ora bisa murah? Manawa bisa malah gratis. Hehe...”

Yuyu: “Woo.. Jaman saiki ora ana sing gratis. Ya wis, ora bayar ora apa-apa.. Nanging kowe-kowe kabeh kudu gelem tak gandheng nyabrang kali. Piye?”

Klenting Abang: “Oke. Sarujuk.”

(Yuyu nggandheng siji-siji para klenting)Ora antara suwe, Klenting Kuning tekan ing panggonane Yuyu Kang Kang. Jebule, Klenting Kuning ya arep melu sayembara, ananging dheweke ora pamitan Mbok Menah. Wedi manawa diamuk.(Klenting Kuning mlebu panggung, Yuyu ngampiri.)

Yuyu: “Wah, ana cah ayu maneh. Arep nyabrang cah ayu? Ayo tak sabrangke wae. Kapale ora ana.”

Klenting Kuning: “Ah emoh.. kowe Yuyu Kang Kang mesti ana karepe nak gelem nulungi. Aku milih muter wae liwat pinggir.”

(Klenting Kuning metu saka panggung)

Yuyu: “Woo… jual mahal… Ya wis karepmu Ndhuk..”

(Yuyu metu panggung)

SCENE 5
Ing kerajaan lagi padha nyiapke sayembara. Raden Andhe-andhe Imut wis ora sabar weruh calon-calon sing bakal dipilih dadi wakile.(Andhe-andhe Imut mlebu panggung, ditutke Mbok Randha lan asistene kang nggawa map lan potlot gedhe)

Andhe-andhe: “Mbok, pripun? Sampun pinten ingkang ndaftar?”

Mbok Randha: “Aduh Le, simbok ya ora weruh.. Coba takon karo asisten. Kuwi wis tak bayar larang-larang sejuta setengah mben semester, kudune weruh.”

Asisten: “Mbok.. Ampun korupsi. Bayaran mung satus ewu kok diomong sejuta setengah. Supaya dikira sugih ya. Babagan pendaftar sampun wonten 999, Raden. Menika nengga rumiyin.”

(Mbok Randha mesam-mesem diuneni asisten.)(Para tumenggung mlebu panggung)

Asisten: “Lha, niki Raden.. Para Tumenggung ingkang mangke nyeleksi calon wakile Raden.”

Andhe-andhe: “Wah… Apik nak ngono… Ya wis, kabeh tak pasrahke kuwe Ten, aku percaya.”

Asisten: “Ingging Raden… Siap…!!!”

(Andhe-andhe Imut lan Mbok Randha metu saka panggung)(Krungu lagu campursari, para Klenting teka)

Klenting Abang: “Kulonuwun… Spada…”

Asisten: “Mangga… Wah, cah ayu-ayu mesti arep melu sayembara ya?”

Klenting Ungu: “Inggih Asisten.”

Asisten: “Oke.. Nanging ana sarat-sarate.”

Klenting Ijo: “Wah.. Napa kemawon sarate, Ten?”

Asisten: “Sarate, 1. Kudu ayu lan lulus PPL siji, iki bakal di tes dening Tumenggung Kasep. 2. Swarane kudu apik lan bisa nyanyi, iki bakal di tes dening Tumenggung Trisno.3. Kudu melu test kasarasan lan bisa mlayu maraton, iki bakal di tes dening Tumenggung Lambang. Piye? Sanggup?”

Para Klenting: (bareng) “Sanggup..!!!”

(Asisten, Tumenggung Trisno, Tumenggung Lambang metu saka panggung.)

Tumenggung Kasep: “Ayo, saiki maju siji-siji”

Para Klenting maju siji-siji di tes Tumenggung Kasep.

Tumenggung Kasep: “Ya wis, bar iki ganti di tes Tumenggung Trisno. Kowe padha nang kono dhisik.”

Klenting Biru: “Siap Tumenggung.”

(Tumenggung Kasep metu saka panggung. Tumenggung Trisno mlebu panggung)

Tumenggung Trisno: “Piye? Wis padha siyap? Saiki maju siji-siji ya.”

Klenting Abang: (nembang campursari) “………………”

(Para Klenting banjur nembang siji-siji)

Tumenggung Trisno: “Ya wis cukup, saiki ngenteni Tumenggung Lambang. Kuwi tes pungkasan kanggo kowe-kowe kabeh.”

(Tumenggung Trisno metu saka panggung. Tumenggung Lambang mlebu panggung)

Tumenggung Lambang: “Kowe mau kabeh wis padha dites dening Tumenggung Kasep lan Tumenggung Trisno, saiki tes pungkasan. Tes kasarasan, utawa basa Indonesiane tes kesehatan. Saiki kabeh melu aku nang lapangan. Ayoo ayoo cah ayu…”

(Tumenggung Lambang metu panggung ditutke para Klenting)

SCENE 6
(Andhe-andhe Imut mlebu panggung, ditutke Mbok Randha, asisten lan para Tumenggung. Andhe-andhe Imut lan mbok Randha padha lenggah.)

Andhe-andhe: “Kepriye, Ten, asile?”

Asisten: “Sampun wonten sekawan calon finalis Raden.”
Tumenggung Trisno: “Inggih Raden. Asil pungkasan Raden ingkang milih.”

(Tumenggung Kasep ngundang para Klenting)

Tumenggung Kasep: “Para finalis… ayo padha mlebu.”

(Para Klenting mlebu)

Tumenggung Lambang: “Dhalem nyuwun pamit Raden”

(Para Tumenggung metu saka panggung ora antara suwe Klenting Kuning teka.)

Klenting Kuning: “Kulonuwun…”

(Kabeh padha noleh. Para Klenting kaget.)

Klenting Abang: “Heh cah elek.. Ngapa kowe mrene? Bali kana..!!! Tak wadulke simbok kowe.”

Klenting Biru: “E e e.. Mesti ora pamit simbok. Nak pamit ora bakal kowe entuk mrene. Kana lunga..”

Mbok Randha: (menyat saka kursi) “Ana apa iki? Kowe sapa Nduk cah ayu? Arep ngapa?

Klenting Kuning: “Kula Klenting Kuning Mbok. Kula badhe ndherek sayembara.”

Asisten: “Nanging sayembarane wis rampung Nduk. Iki arep pengumuman. Pripun Raden?”

Andhe-andhe: “Ya wis ora apa-apa. Mrenea, aku kang bakal ngetes.” (ndelengi Klenting siji-siji) “Wah Simbok, aku emoh karo sing papat iki. Ambune ora enak, mesti tilase Yuyu Kang Kang. Aku milih sing iki wae Mbok.”

Mbok Randha: “Kabeh asil kuwi pilihanmu Le, simbok mung bisa ngiyani.” (mesem)
Andhe-andhe: “Nimas kang ayu, sapa mau aranmu? Apa kowe gelem dadi wakilku lan ketua PKK ing desaiki?”

Klenting Kuning: “Inggih Raden. Kula Klenting Kuning.”

Akhire, Raden Andhe-andhe Imut bisa entuk wakil kang bakal didadekake ketua PKK kanggo mbimbing ibu-ibu lan para pemudhi ing desa Tak Dung-dung Tak Dung-dung supaya bisa mandiri. Desa Tak Dung-dung Tak Dung-dung dadi tansaya makmur lan kawentar ing desa-desa liyane.

RAMPUNG….

Cukup Sekian!!
Salam Naga-sama!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar